I. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki sarana milih a, b, c utawa d kanthi patitis!
1.
Basa ingkang cocog dienggo tumrap iklan kajaba....
a. Gampang ditampa c. Gambarane cetha
b. Ndudut ati d. Ukurane dawa
2.
Ing ingisor iki tuladha kang ora trep manawa kanggo iklan
yaiku....
a. Dibuka ana
lowongan karyawan ana ing Pabrik Textile Mutu gading
b. Pingin maju?
Tuku buku ing Aneka Ilmu!
c. Wong pinter,
pilih “Tolak Angin”.
d. Toko barokah,
gadangane pepak tur murah.
3.
Ukara ing ngisor iki kang migunakake krama alus, yaiku....
a. Aku diparingi
dhuwit kanggo tuku buku.
b. Kula diparingi
dhuwit Bapak kangge tumbas buku.
c. Kula dipun
paringi arta Bapak kangge mundhut buku.
d. Kula diaturi
arta Bapak kangge tumbas buku.
4.
Ibu mundhut nagasari lan semarmendem. Nagasari lan semar mendem
minangka tuladha tembung camboran....
a. Wudhar c. Wutuh
b. Tunggal d. Tugel
5.
Tuladha tembung camboran wudhar yaiku....
a. Jaka Belek c. Klambi batik
b. Uler kaget d. Macan kerah
6.
Tembung purwakanthi swara yaiku....
a. Bibit, bebet,
bobot
b. Tan lara ana
kana
c. Adigang,
adigung, adighuna
d. Sranane kang
ora mingsra
Kompor Gas Luwih Larang Nanging
Praktis
Saiki saya akeh wong nggunakake kompor gas. Sanajan
regane luwih larang, nanging nganggo kompor gas luwih praktis , resik tur ora
cetheh karo lenga tanah. Kompor gas luwih resik amarga ora nuwuhake keluk lan
ora njalari langes ireng ing prabot. Urube rata lan panase dhuwur, mula cepet
banget yen digawe olah-olah.
Regane gas pancen larang ,nanging yen dietung
praktise, tur carane nggunakake diatur temenan, sejatine kaceke ora akeh banget.
Yen pancen ngati-ati lan trep olehe nggunakake ompor gas mesthi bisa ngirit lan
gase ora cepet entek.
Nganggo kompor gas butuh panggonan sing rada omber lam
hawa kang cukup. Sebab yen hawane gak cukup utawa ora ana angina-angine njalari
ruwangan panas lan tabung gas bisa njeblug. Tabung gas aja dicedhakake karo
barang sing gampang mbledhos kayata :Kompor lenga tanah,karbit, oli, aki,
korek,lan sapanunggalane.
Setaun sepisan kompor gas kudu diservis, senajan
kompor mau ora rusak lan ora ana masalah, Sebab iku kanggo mriksa menawa ana
komponen sing wis wiwit rusak nanging durung konangan.. Pipa, bolongan sing
kanggo metune gas perlu diresiki,lan sing bisa ngresiki biasane tukang servis
kompor gas.Slang tutup kanggo ngontrol gas perlu dipriksa aja nganti ora
konangan yen nganti ana sing kropos utawa bocor.
7.
Saiki saya akeh wong nggunakake kompor gas awit ….
a. regane luwih larang
b. regane lenga tanah wis larang
c. melu program pemerintah
d. luwih praktis lan luwih resik.
a. luwih cepet kanggo olah-olah
b. gampang dipindhah-pindhah
c. perlu panggonan kang luwih jembar
d. gampang olehe tuku nang endi-endi ana
9.
Kompor gas iku perlu panggonan sing
omber lan cukup hawane sebab…
a. supaya gampang anggone olah-olah
b.ruwangan sing panas njalari tabung njeblug
c. supaya ngirit las gase ora cepet entek
d. ora cedhak karo barang-barang sing gampang njeblug
10.
Kompor gas ora oleh digawe terus
tanpa leren-leren sebab…
a.
supaya bisa ngirit gas
b.
supaya kompor bisa awet
c.
kompore bisa njeblug
d.
ora gampang rusak
11.
Piranti-piranti kompor gas sing
perlu digatekake yaiku …
a. isine tabung kebek apa ora
b. tabunge anyar apa elek
c. pipa kanggo metune gas
d. yen mari kanggo kudu enggal diresiki
12.
Lelakone ludruk biasane dijupuk saka
crita urip sabendina. Tembung lelakon iku kalebu tembung rangkep…
a. dwi purwa
b. dwi wasana
c. dwi lingga
d. dwi lingga salin swara
13.
Amarga lara untu aku kudu ngombe
obat. Basa kramane yaiku …
a. Amargi gerah waja, kula kedah ngunjuk obat
b. Amargi gerah waja, kula kedah nginum obat
c. Amargi sakit waja, kula kedah ngunjuk obat
d. Amargi sakit waja, kula kedah nginum obat
14.
Aja padha ngadeg bae ,ayo padha lungguh. Basa kramane yaiku …
a. Sampun ngadeg mawon mangga sami lenggah mriki
b. Aja mung jumeneng bae, ayo sami lungguh
c. Sampun naming jumeneng, mangga sami lenggah
d. Sampun namung jumeneng, mangga sami pinarak
15.
Wis telung dina ibu lara weteng.
Basa karma aluse yaiku …
a. Pun tigang dinten ibu gerah padharan
b. Sampun tigang dinten ibu gerah padharan
c. Wis telung dina ibu gerah padharan
d. Wis telung dina ibi sakit padharan.
16.
Ukara ing ngisor iki sing nganggo
ater-ater anuswara yaiku …
a. Ibu nyirami kembang ing latar
b. Aku dipundhutake klambi anyar
c. Bukune apa wis kokbalekake
d. aku lunga menyang Semarang
17.
Jajan iki … bapak, mbok menawa saiki
wis kersa …. Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku
....
a. paringna, dhahar
b. paringna, nedha
c. aturna, dhahar
d. aturna, nedha
18.
Supaya bisa ngerteni isi lan maksude
geguritan mula sing kudu ditindakake yaiku …
a. Negesi tembung-tembung sing utama
b. bisa ngrasakake surasane geguritan
c. duwe swara sing landhung
d. maca geguritane dibolan-baleni
19.
Supaya bisa maca geguritan kanthi
becik mula sing kudu digatekake yaiku …
a. bisa ngrasakake isine geguritan
b. lancar lan orane carane ngomong
c. nemokake tema kang kinandhut
d. njlentrehake ukara siji lan sijine.
TEMBANG MIJIL
Dedalane wong kang dadi murid,
kudu andhap asor,
wani ngalah luhur wekasane,
aja seneng duwe watak serik,
bapang den simpangi,
ana catur mungkur.
kudu andhap asor,
wani ngalah luhur wekasane,
aja seneng duwe watak serik,
bapang den simpangi,
ana catur mungkur.
20.
Tembang mijil ing ndhuwur kang guru wilangan lan
guru lagune 10 e dumunung ing gatra … .
a. 1
b. 3
c. 4
d. 6
a. 1
b. 3
c. 4
d. 6
21.
Guru wilangan lan guru lagune gatra 5 tembang
mijil iku … .
a. 10 i
b. 10 u
c. 6 u
d. 6 i
a. 10 i
b. 10 u
c. 6 u
d. 6 i
22.
Tembang mijil iku ana pirang gatra?
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8
23. ?ffiamurifK=s}gepSinau. Tulisan jawa iku manawa katulis latin … .
a. Dadia murid kang sregep sinau.
b. Dadi murid sregep sinau.
c. Dadi murid kudu sregep sinau.
d. Dadi murid iku kudu sregep sinau.
a. Dadia murid kang sregep sinau.
b. Dadi murid sregep sinau.
c. Dadi murid kudu sregep sinau.
d. Dadi murid iku kudu sregep sinau.
24. ?tuku[kWnilim. Tulisan aksara jawa
iku
manawa katulis latin kang bener … .
a. Tuku kweni
lima.
b. Tuku kwali lima
c. Nuku kweni
lima.
d. Nuku kwali
lima.
25. ?sÓ|mnsÓ|munsLmet., Tulisan aksara
jawa
iku manawa katulis latin … .
a. Sluman, slumun,
selamet
b. Sluman, slumun,
slamet.
c. Sluman slumun
selamet.
d. Saluman,
salumun, selamet.
1)
Mangga dipunentosi ngriki kemawon!
2)
Buku kuwi tatanen maneh sing rapi!
3)
Ora pareng rame simbah lagi sare!
4)
Mangkata saiki wae supaya ora telad!
5)
Ayo padha matur Pak Guru saiki wae!
26.
Ukara-ukara ing ndhuwur kang kalebu ukara pangajak yaiku …
.
a. 1,3
b. 4,3
c. 1,5
d. 5,2
a. 1,3
b. 4,3
c. 1,5
d. 5,2
27.
Uikara-ukara ing ngisor iki mujudake ukara
pitakon yaiku … .
a.
Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b.
Sapa nandur bakal ngundhuh.
c.
Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa
kasembadan.
d.
Apa kang njalari lara demam berdarah iku?
28.
Saiki umurku 10 taun. Ukara iku manawa katulis
nganggo aksara jawa kang bener
a.
?saikiaumu/ku;40;taun\.
b.
?saikiaumu/ku;30;taun\.
c.
?saikiaumu/ku;20;taun\.
d.
?saikiaumu/ku;10;taun\.
29. Ukara-ukara ing
ngisor iki kang migunakake seselanan um kajaba … .
a. Dadi bocah aja
sok kumawani marang wong tuwa.
b. Para mudha
ageng sanget sumbang surungipun tumrap kemajenganing bangsa.
c. Anggonmu mrene
numpak apa?
d. Dadi wong iku
aja gumedhe, mundhak disengiti kanca
1) Dheweke pancen bocah
wadon sing kumayu dhewe ing kelas VIII A.
2) Degan krambil
kae pancen kumeruk.
3) Peleme wis
rumujak.
4) Kabeh padha
gumuyu nalika nonton dagelan ing televisi.
5) Bocah sing
kuminter didohi kanca.
30. Seselan um ing
ukara-ukara ndhuwur kang teges ”duwe panganggep” yaiku … .
a. 1,5
b. 2,5
c. 2,3
d. 1,4
31. Ukara-ukara ing
ngisor iki endi kang migunakake seselan er?
a. Ing alun-laun
saiki ana kerameyan.
b. Yen disawang
saka Pathuk lampu-lampu ing Ngayogyakarta pating kerelip.
c. Aku ora ngerti
tenan perkara iku.
d. Anggone nandur
jati ing perengen sisih kidul.
32. Ukara ing
ngisor iki kang migunakake seselan el dumunung ing ukara … .
a. Aja mung mangan
wae, awakmu wis kelemon!
b. Lampu kae yen
disawang saka kadohan mung katon kelap-kelip.
c. Pasar malem ing
alun-alun kae lampune pating gelebyar.
d. Yen didukani
Bapak adhiku mripate mung kelap-kelop.
33. Tuladha
saking tembung rangkep dwiwasana inggih punika...
a. tetuku, sesami, sesorah
b. bocah-bocah, bola-bali, obah-obeh
c. cengengesan, selelekan, cekakakan
d. andheng-andheng, ali-ali, uyeng-uyeng
a. tetuku, sesami, sesorah
b. bocah-bocah, bola-bali, obah-obeh
c. cengengesan, selelekan, cekakakan
d. andheng-andheng, ali-ali, uyeng-uyeng
34.
Dongeng Rawa Pening, Guwa Parangtritis, Kali
Serayu punika tuladhanipun dongeng...
a. legenda c. wiracarita
b. dongengan d. Gegedhug
a. legenda c. wiracarita
b. dongengan d. Gegedhug
35.
Panambang ingkang gadhahi teges nindakake
pakaryan kangge tiyang sanes inggih punika...
a.
lawang kae coba bukake
b.
soal sing ning papan tulis kui saiki garapa
c.
buku punika gadhahanipun adhik kula
d.
adhiku digawekake dolanan saka papah gedhang
36.
Ing ngandhap punika ukara ngangge basa ngoko
lugu ingkang leres inggih punika....
a.
kanca-kanca, ditepangake jenengku Ilham.
b.
kanca-kanca, dikenalke jenengku Ilham.
c.
kanca-kanca, dipuntepangaken jeneng kula Ilham.
d. kanca-kanca,
dipunkenalaken jenengku Ilham.
37. Ukara
tanggap (kalimat pasip) gadhahi titikan, kajaba....
a.
wasesanipun pikantuk ater-ater tripurusa
b.
wasesanipun pikantuk ater-ater ka-
c.
wasesanipun pikantuk seselan –in
d.
wasesanipun pikantuk ater-ater anuswara
38. Ukara
tanggap ing ngandhap punika ingkang leres inggih punika...
a.
Intan nulisi bukune.
b.
layange ditulisi nganggo bolpen abang.
c.
Murni nyilihi klambi adhine.
d.
Sigid nyaponi latar omahe.
39. Ukara
tanduk ing ngandhap punika ingkang lepat inggih punika, kajaba…
a.
kordhene dipasang ing jendhela.
b.
soale katulis ing buku tugas
c.
Reni nggawe sega goreng.
d.
Murni disilihi buku Wati.
1) Pungkasane
aku bisa jikuk pelajaran saka pengalamanku mau.
2) Wiwitane
nalika aku isih wektu kelas 6 SD.
3) Cerita
bakune aku lagi dolanan ing kali.
4) Wektu
lan papan kadadeyane.
40. Urutan
cengkorongan ing nginggil ingkang leres inggih punika...
a.
4 – 2 – 3 – 1
b.
2 – 3 – 4 – 1
c.
4 – 3 – 2 – 1
d.
3 – 4 – 2 – 1
Sigra milir kang gethek sinangga bajul
Kawandasa kang njageni
Ing ngarso miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kiring
Sang gethek lampahnya alon
Kawandasa kang njageni
Ing ngarso miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kiring
Sang gethek lampahnya alon
41. Geguritnan
ing nginggil guru lalu lan guru wilanganipun inggih punika...
a.
12u, 8i, 7a, 8i, 7o
b.
11u, 7i, 8u, 7i, 8o
c.
10u, 12i, 8u, 8i, 8o
d.
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
42. Ngapresiasi
geguritan boten langsung kanthi cara...
a.
ngawontenaken kegiyatan maos
b.
ngraosaken (menghayati) isinipun
c.
mangertosi isinipun
d.
nyinaoni teori sastra
43. Sesambut,
tembung iku kalebu tembung ....
a. Dwilingga
b. Dwipurwa
c. Dwiwasana
d. Dwilingga salin
swara
44. Kang kalebu
tembung dwilingga salin swara rangkep kajaba ....
a. Moram-marem
b. Mosam-mesem
c. Wegah-wegeh
d. Njolak-jaluk
45. Kang ora kalebu
pengalaman pribadi nyenengake yaiku ....
a. Oleh juara
lomba komputer.
b. Dipundhutke pit
anyar.
c. Disangoni
pakdhene.
d. Remidi ulangan
Basa Jawa.
II.
Wangsulana
pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. a. Gaweya
tuladhane ukara tandhuk!
b. Gaweya
tuladhane ukara tanggap!
2. Purwakanthi
yaiku gandhenge swara kang ngarep karo mburine. Gaweya tuladhane Purwakanthi
swara loro wae!
3. Serata
tuladhane tembung dwipurwa telu wae!
4. Gawea ukara
kang migunakake tembung dwilingga salin swara!
5. Apa kang
diarani ukara lamba iku?
KUNCI JAWABAN
SOAL BAHASA JAWA KELAS VIII
1
|
D
|
21
|
D
|
41
|
D
|
2
|
A
|
22
|
B
|
42
|
D
|
3
|
C
|
23
|
A
|
43
|
B
|
4
|
B
|
24
|
A
|
44
|
C
|
5
|
B
|
25
|
B
|
45
|
D
|
6
|
A
|
26
|
C
|
||
7
|
D
|
27
|
D
|
||
8
|
A
|
28
|
D
|
||
9
|
B
|
29
|
C
|
||
10
|
C
|
30
|
A
|
||
11
|
C
|
31
|
B
|
||
12
|
A
|
32
|
C
|
||
13
|
D
|
33
|
C
|
||
14
|
D
|
34
|
A
|
||
15
|
B
|
35
|
A
|
||
16
|
A
|
36
|
B
|
||
17
|
C
|
37
|
A
|
||
18
|
A
|
38
|
B
|
||
19
|
A
|
39
|
C
|
||
20
|
B
|
40
|
B
|
II.
1.Tanduk: Viha
nembangke campursari.
Tanggap: Latare disaponi Nala.
2. Aminah wegah
sekolah.
Ayu tuku buku telu.
3. lelabuhan,
gegayuhan, geguyonan.
4. Bocah-bocah
ora entuk mloya mlayu mundhak padha
tiba.
5. Ukara lamba
yaiku ukara kang jejer lan wasesane namung siji.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar