Rabu, 26 Oktober 2016

Soal Mid Semester VIII - Ganjil



TSI MID SEMESTER GASAL
KELAS VIII

A.        Pilihen wangsulan kang bener!

... Ki Lurah lan para abdine ora ngerti manawa ula mau kang sejatine aran Naga Baru Klinthing. Naga Baru Klinthing iku sawijine ula gedhe kang lagi mertapa amarga dhawuh saka pandhita ing desa Telamaya. Anggone mertapa wis puluhan taun, dadi awake wis lumuten uga dituwuhi wit-witan cilik ing kono dadi kaya wit gedhe...
1.         Miturut cuplikan crita iku, Naga Baru Klinthing lagi ....
a.    sb
b.     me/tp
c.     [go[lkM=s
d.    [go[lkPzn\
2.         Saking suwene anggone mertapa, mula awake nganti ....
a.       lumutTen\
b.      kywitGe[d
c.       dituwuhaiwitWitn\
d.      k[bhbene/
3.         Iklan kang gunane kanggo nawakake barang dagangan klebu jinise iklan ....
a.       Dagangan
b.      Nonkomersial
c.       Komersial
d.      Kecik
4.         “O... Mas Bagus to, ana kersa apa, Mas? Ukara ing ndhuwur nggunakkake basa....
a.       Ngoko lugu
b.      Krama lugu
c.       Ngoko alus
d.      Krama alus
5.         ?phlwnSktnhjw.
Aksara Jawa ing ndhuwur manawa diwaca unine ....
a.       Pahlawan Nasional
b.      Pahlawan saka Tanah Jawa
c.       Pahlawan Indonesia
d.      Pahlawan tanpa tandha jasa
6.         “Tanduran Palawija”, manawa ditulis Jawa dadi ....
a.       ?tnFu/rnplwij.
b.      ?tnDurnPlwij.
c.       ?tnFu/plwij.
d.      ?tnFu/rnPlwij.
7.         “Sregep sinau.” Manawa ditulis Jawa dadine ...
a.       ?s}gepsinau.
b.      ?[s][gpSinau.
c.       ?s}gepSinau.
d.      ?seregepSinau.
8.         ?supypinTe/[bochse[kolhaikukudus}gep\ ... .
a.       Sinau
b.      Dolanan
c.       Solat
d.      Bebasan
9.         Crita kang nyritakake asal usule panggonan diarani ....
a.       Legendha
b.      Fabel
c.       Mite
d.      Sage
10.     Pariwara lowongan pagaweyan bisa tinemu ana ing ....
a.       Kalawarti
b.      Ariwarti
c.       Wara-wara
d.      Undangan
11.     Ing ngisor iki klebu iklan kang becik, kajaba ....
a.       Cekak, aos lan  narik kawigaten
b.      Ora ana sumbere
c.       Isine bener
d.      Sipate ngajak utawa mbujuk
12.     Lekungan, sesambut, tembung-tembung iku kalebu tembung ....
a.       Dwilingga
b.      Dwipurwa
c.       Dwiwasana
d.      Dwilingga salin swara
13.     Tembung- tembung ing ngisor iki aran dwi lingga salin swara, kajaba ....
a.       Moram-marem
b.      Mesam-mesem
c.       Wegah-wegeh
d.      Lelabuhan
14.     Unggah ungguh basa ing ngisor iki kang trep yoiku ....
a.       Bapak sare kula siram
b.      Kula nembe kondur saking sekolah
c.       Ingkang ngasta oleh-oleh kala wau rayi kula
d.      Ibu nembe maringi seserepan dhateng dhik Hasna.

Gatekna pacelathon iki kanggo nggarap soal nomer 1 nganti 5
1)        A    : “Wah-wah kowe lagi ngrungokkake apa ta kang kok gayeng temen?”
2)        B    : “Iki lho aku lagi ngrungokake siyaran kethoprak?”
3)        A    : “Walah radhio ngendi kok ana siyaran kethoprak?”
4)        B    : “Iki lho 96,9 FM Swara Budhaya, Radhione kulawarga Jawa Tengah. Pengin mirengake kethoprak, wayang kulit, sandhiwara, uyon-uyon, campursari ...”
5)        A+B : “Aja lali Swara Budhaya, Radione kulawarga Jawa Tengah.
6)        B    : “Ja lali ... ja lali ... ja lali....”
15.     Pariwara kasebut ngandharake babagan ....
a.       Gayem temen
b.      Radhio Swara Budhaya
c.       Siyaran Kethoprak
d.      Radhio Kulawarga jawa tengah
16.     Sing dirungokake siyaran B iku siyaran ....
a.       Kethoprak
b.      Uyon-uyon
c.       Campursari
d.      Wayang kulit
17.     Ukara sing nelakake manawa radhio Swara Budhaya radhione kulawarga Jawa Tengah yaiku ukara ....
a.       1) lan 2)
b.      3) lan 4)
c.       2) lan 3)
d.      4) lan 5)
18.     Ukara tanduk sing ana ing wacan kasebut, yaiku nomer ....
a.       2)
b.      5)
c.       3)
d.      6)
19.     Sesantine radhio kasebut, yaiku nomer ....
a.       Radhione kulawarga Jawa Tengah
b.      Apa ta kok gayeng temen
c.       Ngrungokake siyaran kethoprak
d.      Kethoprak, wayang kulit, sandhiwara
20.     Kanggo nawakake lan menehi ngerti marang masyarakat, yen saiki pendhidhikan gratis kalebu jinis iklan ....
a.       Olahraga
b.      Komersial
c.       Pariwisata
d.      Non komersial
21.     Eyang manawi ... ampun dalu-dalu supados mboten gerah. Kanggo nggenepi ukara kasebut sing bener ....
a.       Sare
b.      Tilem
c.       Bubuk
d.      Wungu
22.     Tuladha basa kang ora pas manawa kanggo iklan ....
a.       Gampang ditampa
b.      Ndudut ati/menarik
c.       Gambarane cetha
d.      Ukarane dawa

23.     Kang ora kalebu pengalaman pribadi kang nyenengake yaiku ....
a.       Oleh juara lomba komputer
b.      Dipundhutake pit anyar
c.       Remidi ulangan Basa Jawa
d.      Disangoni pakdhene
24.     Ukara ing ngisor iki migunakake krama alus, yaiku ....
a.       Aku diparingi dhuwit kanggo tuku buku.
b.      Kula diparingi dhuwit Bapak kangge tumbas buku.
c.       Kula dipunparingi arta Bapak kangge mundhut buku.
d.      Aku dipunparingi arta Bapak kangge mundhut buku.
Asmaradana
Kala kula tasih alit
Winulang ing yayah rena
Dipun dedhong kewar kewer
Yen ngantuk denlela-lela
Makaten langkah amba
Enjang sonten tansah emut
Sanget ing panuwun kula.
....
25.     Tembang Asmaradana ing nduwur iku duweni watak kepriye....
a.       Luwes
b.      Sedhih
c.       Asih/tresna
d.      kereng
26.     Yen ngantuk den lela-lela. Den lela-lela tegese ....
a.       diturokake
b.      dituru-turu
c.       ditembangake
d.      ditangekake
27.     Guru gatrane tembang Asmaradana ing ndhuwur yaiku ....
a.       6
b.      7
c.       8
d.      9
28.     Guru wilanganne tembang Asmaradana yaiku ....
a.       10, 6, 10, 10, 6, 6
b.      8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
c.       8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
d.      12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
29.     Guru lagune tembang Asmaradana yaiku ....
a.       a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
b.      a, i, a, a, i, a, i
c.       a, i, e, a, a, u, a
d.      a, i, u, a, u, a, i
30.     Kala wingi  kula ……  dhateng …….ipun  Bu Guru.
a.       Rawuh, griya      
b.      rawuh, dalem      
c.       sowan, griya      
d.      sowan, dalem



TRADHISI RASULAN

Tradhisi rasulan utawa bersih desa utawa merti dhusun nganti tekan saiki isih tetep dilestarekake dening masyarakat ing Gunungkidul. Adicara kasebut diadani saben taun sepisan, sabubare mangsa panen. Rerangken acara rasulan ana kang diadani sacara gedhen-gedhenan, ana uga kang mung prasaja. Kang baku wus kacakup kabutuhan utawa perlune.
Maneka warna kesenian tradhisional lumrahe digelarake ing adicara rasulan mau. Ing antarane Reyog, Dhogeran, Jathilan, Wayang Kulit, Campursari, Kethoprak lan liya liyane.
Masyarakat tumplek bleg, melu ambyur ngregengake rasulan. Sawernane jinis panganan melu dicawisake kanggo ngramekake tumekane acara rasulan ing desane dhewe-dhewe. Rasulan iku ditindakake duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga sasuwene setahun kepungkur wus diparingi kasarasan, keslametan, rejeki sarta diparingi asil panen kang murakabi.

31.     Andharan ing ngisor iki kang minangka underaning rembug paragraf 1 wacan 2 ing ndhuwur … .
a.         Tradhisi rasulan nganti tekan saiki isih tetep dilestarekake masyarakat Gunungkidul.
b.        Adicara Rasulan diadani ing saben taun sepisan sabubare mangsa panen.
c.         Rerangken adicara Rasulan diadani kanthi cara gedhen-gedhenan.
d.        Maneka warna kesenian tradhisional digelar ing adicara rasulan.
32.     Rerangken adiacara rasulan ana kang diadani sacara gedhen-gedhenan, ana uga kang mung prasaja. Tembung prasaja tegese …
a.         katon moncer
b.        apa anane
c.         katon gayeng
d.        guyub rukun
33.     Manut wacan ing ndhuwur, kapan adicara rasulan ditindakake?
a.       Ing saben taun.
b.      Saben taun sepisan.
c.       Saben taun sepisan sabubare panen.
d.      Saben taun sepisan nalika panen.
34.     Apa ancas tujuwane tradhisi rasulan ditindakake?
a.       Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya tansah diparingi kasarasan, keslametan lan rejeki.
b.      Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi panen kang luwih murakabi .
c.       Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.
d.      Atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amarga setahun kepungkur wis diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.
35.     Dewi anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur kendel. Maca gegurutan kaya Dewi iku ateges nggatekake … .
a. wirasa
b. wiraga
c. wicara
d. Wirama
36.     Sanajan Doni anggone maca geguritan cetha pocapane, nanging dheweke ora nggatekake isine geguritan/ora dirasakake jroning ati. Geguritan kang isine susah malah diwaca karo mesam-mesem. Anggone maca geguritan Doni iku ateges ora nggatekake … .
a. wirama
b. wicara
c. wirasa
d. Wiraga
37.      1. Mangga dipunentosi ngriki kemawon!
2. Buku kuwi tatanen maneh sing rapi!
3. Ora pareng rame simbah lagi sare!
4. Mangkata saiki wae supaya ora telad!
5. Ayo padha matur Pak Guru saiki wae!
Ukara-ukara ing ndhuwur kang kalebu ukara pangajak yaiku … .
a. 1,3
b. 4,3
c. 1,5
d. 5,2
38.     Uikara-ukara ing ngisor iki mujudake ukara pitakon yaiku … .
a.       Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b.      Sapa nandur bakal ngundhuh.
c.       Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.
d.      Apa kang njalari lara demam berdarah iku?

Sekar wus sumawur,
ing puncaking arga,
raga bakal sirna,
sukma nuju kaendahan agung,
mendhung gumantung ing lawang,
sumilak,
……………………………………………
39.     Tembung arga ing pethilan geguritan iku kalebu dasanamane tembung … .
a.    Lintang
b.    Angin
c.     Gunung
d.    bumi
40.     Sukma nuju kaendahan agung. Apa tegese tembung Sukma ing pethilan geguritan iku?
a.    Angga
b.    Nyawa
c.     Sarira
d.    Awak



B.        Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
1.         Serata geguritan satunggal gatra kemawon babagan pendhidhikan!
2.         Tulisa pengalaman pribadhi kang ora nyenengake.
3.         ?ke[bonusugu[dl\. serata aksara latine!
Nomer 4 karo 5 serata aksara jawane!
4.         Sinau kuwi pancen nyenengake.
5.         Paling becik sekolah ing madrasah.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar